BAPAK
Cerita
iki saking kaluarga sing ora duwe, jenenge Supri, bocah umur 13 taun kuwi esek
lungguh guk bangku SMP. Bocah kuwi pinter banget ket SD sampek SMP oleh
rangking apik terus. Supri urip karo Bapakke ibukke wes ora ono ket Supri isih
bayi.
Saben
mulih sekolah Supri seneng bantu bapakke golek duwit gawe mangan saben dinane.
“Assalamualikum..” salame Supri teko sekolah.
“Waalaikumsalam.. Le gelem ngrewangi bapak ta le ?
jabae bapak lan pitakon’e bapak.
“iya pak gelem” Jawab’e Supri.
Supri
ngrewagi bapake nata kayu guk buri omah, ambi nata kayu, Supri cerita soal
ulangan matematika guk sekolahan.
“pak maeng guk sekolaan ana ulangan matematika pak”.
Cerita supri.
“terus le.. oleh biji piro ?” pitakone Bapak.
“aku biji 98 pak.. kuwi wes paling apik dewe nang
kelas, liyane nisore iku pak” jawape Supri semangat.
“wah.. pinter kowe lee..” omonge bapak ambi mesem.
“Le.. mene nek bapak duwe duwit tak tukokno opo wae
seng Supri arep sak mampune bapak”. Omonge bapak.
“iya pak, tapi aku sak iki ora kepingin apa apa”
jawabe Supri.
Sak
marine ngrewagi Bapak, Supri dolan ambi kanca kancane. Tapi pas dolan ambi
kanca kancane, kancane duwe dulinan anyar yaiku tembak tembakan seng iso muni,
Supri gowo dulinan tembak tembakan seng teko kayu ora kaya kanca liyane. Supri
di guyu kancane soale gak duwe dilinan apik kaya kancane.
“Iku lo rek Supri teko ayo dulinan..” saute Antok
Kancane Supri.
“Ayo..” jawabe kanca liyane.
“Pri.. aku wes suwe ngenteni kowe, nandi ae ?”
pitakone Antok.
“aku mari ngrewangi bapak”. Jawabe Supri.
“Olaha.. He Pri, aku karo kanca kanca sakiki duwe
dulinan anyar”. Jare Antok.
“opo iku ?” pitakone Supri.
“iki lo...” ambi nyodohno dulinan seng digowo Antok
yaiku tembak tembakan.
“Oooo... Nek iku aku duwe”. Jawabe Supri.
“endi.. kowe kan anake wong ora duwe?”
“Iki lo” ambi nyodohno dulinane Supri.
“Hahahahaha.....iku ta.. kok teko kayu...!” Antok lan
kanca kancane guyu.
Ket
dina iku Supri kepengen duwe dulinan kayak kanca kancane. Supri jaluk nang
Bapakke, nanging Bapakke Supri ora duwe Duwit.
“Bapak bapak..” Supri nyelok Bapakke.
“Ana apa le ?” jawabe Bapak.
“Pak maeng pas dulinan kanca kancaku nduwe dulinan
tembak tembakan anyar pak, iso muni pisan. Aku kepengen pak, tumbasno pak..”
cerita lan jalukke Supri.
“Supri. Bapak esek dorong duwe duwit nak, mene nek
Bapak ono duwit tak tumbasno nak.” Jawabe Bapak.
“temen ya pak..”
“iya le..”
Duwite
Bapak wes ngumpul, Bapak numbasno Supri dulinan kaya kanca kancane. Sak marine
tumbas, bengine supri turu, pas Supri turu dulinan seng ditumbas mau di deleh
nang pinggire Supri. Supri tangi isuk banget, dewekke kaget ono dulinan anyar
guk pinggire, Supri seneng banget. Sak marine teko sekolah Supri dulinan karo
kanca kancane.
“He rek ayo dulinan.. Aku duwe dulinan anyar iki”. Tanggape
Supri nang kancane.
“Nah iku baru apik Pri.. Ayo dulinan”. Jawabe Antok
semangat.
“Ayo..” jawabe kanca kancane.
7 TAHUN
KEMUDIAN
Supri
sak iki diterima guk perguruan tinggi Bandung. Supri sak iki urip guk kos
kosan, 2 minggu pisan dewekke bali nang kampung marani bapak. Tapi amarga kenek
pengaruh teko kanca kancane lan penguripan guk kota, Supri dadi jarang mulih
nang omah, Uripe sibuk ngurusi kuliah lan senengane dolan karo kanca kancane
guk kota. Pas dolan karo kanca kuliahan supri ditakoni kancane tapi Supri
bujukki kancane Amarga isin soale engko diguyu karo kancane.
“He Supri..”Ahmad mlaku nang Supri seng lagi lungguh
guk bangku ngrep kelas.
“Iya ana apa Mad ?” pitakone Supri.
“Pri engko bengi repot ta?”
“igak Mad” jawabe Supri.
“engko bengi melu aku karo kanca kanca gelem ta ?”
pitakone Ahmad.
“nandi Mad ?” pitakone Supri.
“Broden Ulang tahun sak iki, kowe dijak Broden nang
Restoran”. Jawabe Ahmad.
“La teros seng bayar sopo ?” pitakone Supri.
“Tenang Pri, di bayari Broden, dadi dewek iki
ditraktir karo arekke” omonge Ahmad.
“Ok Mad, aku melu”.
Suasane
beda pas Ahmad takok nang Supri soal uwong tuwane,
“Pri.. Aku oleh Takok gak ?”
“oleh wae, takok apa Mad ?”
“Ayah Karo Ibumu nandi kok aku gak tau ero ?”
Supri
Bingung ora iso jawab soale Bapakke uwong ora duwe nang kampung. Supri meneng
lan suwi jawabe.
“Kowe ora iso suwi suwi jawab”. Jare Ahmad.
“Ibukku wes ora ono Mad, Ayah kerja nang Kota dadi
Direktur”. Jawabe Supri karo mesem lan bujukki Ahmad.
“Oalah.. Eh tapi Ayahmu hebat lo Pri, iso dadi
Direktur apik kuwi”. Jawabe Ahmad kaget.
“iya Mad”. jawabe Supri singkat.
3 TAHUN KEMUDIAN
Supri
lulus Sarjana kedokteran, Supri oleh undangan gawe uwong tuwane. Supri mulih
nang kampung ngekekno undangan tapi Supri ngengken bapakke ora teko amarga
adoh, Trus Supri bali maneh nang kota. pas pengumuman kelulusan Supri ora ero
nek bapakke teko, Supri isin banget.
“Untuk Saudara Supri dan wali segera menuju kedepan”.
Omonge pembawa Acara.
Supri
mlaku menyang ngarep, pas totok tengah tengah supri kaget, Bapakke ono guk kunu
Supri ora sido mlaku menyang ngarep lan bali nang mburi. Kanca kancane Supri
guyu lan ngomongno Bapakke Supri.
“Hahahahaha.....Iku Ayahmu ta Pri ?” pitakone Ahmad.
“iya Mad”
“Jarene Direktur kok tampilane Kampungan
ngunu..hahaha...”. Omonge Broden karo guyu.
Sak
marine Kedadean iku, mulih nang kampung lan ngomong karo Bapakke. Supri Muring
muring amarga Bapakke teko nang Kampuse Supri.
“ BAPAK...”. Supri teko.
“Lo Supri, Salam sek to le..” jawabe Bapak
“PAK... lapo wingi teko nang kampus pak, lak wes tak
kandani pak nek ojo teko...” omonge Supri karo muring muring.
“Teros lapo le.. kan wingi aku kok kei undangan iki,
opo maksude undangan iki le, opo kowe isin duwe bapak koyok ngene iki, iya ta
le.. jawab le...” jawabe Bapak karo emosi.
“IYA PAK.. SAYA MALU PUNYA BAPAK KAYAK GINI...”.
Jawabe Supri.
Bapakke
Supri mek iso ngelus dada, amarga isih ora iso dadi seng paling apik gawe
Supri. 1 taun sak wise lulusan, Supri dadi Dokter guk rumah sakit ing Bandung.
Supri wes duwe omah dewe lan mobil. Tapi na’as pas Supri moleh teko rumah
sakit, Supri dirampok uwong, Supri di gepok ndase karo maling trus Supri
pingsan guk parkiran, mobile Supri di gowo mlayu karo maling. Supri digowo nang
ruang UGD, pas di periksa, kornea matane Supri ora fungsi, dadi Supri ora iso
delok apa apa.
2
minggu Supri di rawat guk rumah sakit, Supri oleh donoran mata saka uwong.
Supri seneng banget lan Supri di operasi matane. 3 minggu sak wise di operasi
matane Supri wes iso delok maneh, tapi supri bingun sapa sing donor mata
menyang awakke. Supri takon dokter seng ngoperasi Supri, tapi doktere ora ero.
Supri
metu menyang kota, Supri kaget ero bapakke mlaku nggawe tongkat lan gawe topi,
Supri mlayu menyang bapakke lan ngrakut bapakke, Supri nangis soale mata seng
di gawe Supri sakiki kuwi matane bapakke. Supri isih eleng omongane Bapakke 11
taun winginane.
“Le.. mene
nek bapak duwe duwit tak tukokno opo wae seng Supri arep sak mampune bapak”.
Supri
esek eleng apa seng diomongno bapak, Supri sadar nek bapakke kuwi sayang banget
menyang Supri. Supri nggawa bapakke menyang omahe seng anyar lan urip
bebarengan maneh kayata 11 taun winginane.
TAMAT
"Bahagia itu sederhana, Sederhana melihat orang yang kita
sayangi bahagia. Sesungguhnya bukan mata itu yang buta, tapi yang buta adalah
hati yang ada di dalam dada"
Created by : Aula Rizqi Yoga Pratama.
Mohammad Faiz.
Cerita Lainnya :
Kisah Bocah Pangadol Koran
seklembar duwit ing nisor bangku
Ora sido PS an
ora ngerti tetep nekad
sekolah anyar
dalanku dudu dalane ibu
dolan menyang malang
Cerita Lainnya :
Kisah Bocah Pangadol Koran
seklembar duwit ing nisor bangku
Ora sido PS an
ora ngerti tetep nekad
sekolah anyar
dalanku dudu dalane ibu
dolan menyang malang
No comments:
Post a Comment