Wednesday, 23 November 2016

cerita bahasa jawa



BAPAK

            Cerita iki saking kaluarga sing ora duwe, jenenge Supri, bocah umur 13 taun kuwi esek lungguh guk bangku SMP. Bocah kuwi pinter banget ket SD sampek SMP oleh rangking apik terus. Supri urip karo Bapakke ibukke wes ora ono ket Supri isih bayi.
            Saben mulih sekolah Supri seneng bantu bapakke golek duwit gawe mangan saben dinane.
“Assalamualikum..” salame Supri teko sekolah.
“Waalaikumsalam.. Le gelem ngrewangi bapak ta le ? jabae bapak lan pitakon’e bapak.
“iya pak gelem” Jawab’e Supri.
            Supri ngrewagi bapake nata kayu guk buri omah, ambi nata kayu, Supri cerita soal ulangan matematika guk sekolahan.
“pak maeng guk sekolaan ana ulangan matematika pak”. Cerita supri.
“terus le.. oleh biji piro ?” pitakone Bapak.
“aku biji 98 pak.. kuwi wes paling apik dewe nang kelas, liyane nisore iku pak” jawape Supri semangat.
“wah.. pinter kowe lee..” omonge bapak ambi mesem.
“Le.. mene nek bapak duwe duwit tak tukokno opo wae seng Supri arep sak mampune bapak”. Omonge bapak.
“iya pak, tapi aku sak iki ora kepingin apa apa” jawabe Supri.
            Sak marine ngrewagi Bapak, Supri dolan ambi kanca kancane. Tapi pas dolan ambi kanca kancane, kancane duwe dulinan anyar yaiku tembak tembakan seng iso muni, Supri gowo dulinan tembak tembakan seng teko kayu ora kaya kanca liyane. Supri di guyu kancane soale gak duwe dilinan apik kaya kancane.
“Iku lo rek Supri teko ayo dulinan..” saute Antok Kancane Supri.
“Ayo..” jawabe kanca liyane.
“Pri.. aku wes suwe ngenteni kowe, nandi ae ?” pitakone Antok.
“aku mari ngrewangi bapak”. Jawabe Supri.
“Olaha.. He Pri, aku karo kanca kanca sakiki duwe dulinan anyar”. Jare Antok.
“opo iku ?” pitakone Supri.
“iki lo...” ambi nyodohno dulinan seng digowo Antok yaiku tembak tembakan.
“Oooo... Nek iku aku duwe”. Jawabe Supri.
“endi.. kowe kan anake wong ora duwe?”
“Iki lo” ambi nyodohno dulinane Supri.
“Hahahahaha.....iku ta.. kok teko kayu...!” Antok lan kanca kancane guyu.
            Ket dina iku Supri kepengen duwe dulinan kayak kanca kancane. Supri jaluk nang Bapakke, nanging Bapakke Supri ora duwe Duwit.
“Bapak bapak..” Supri nyelok Bapakke.
“Ana apa le ?” jawabe Bapak.
“Pak maeng pas dulinan kanca kancaku nduwe dulinan tembak tembakan anyar pak, iso muni pisan. Aku kepengen pak, tumbasno pak..” cerita lan jalukke Supri.
“Supri. Bapak esek dorong duwe duwit nak, mene nek Bapak ono duwit tak tumbasno nak.” Jawabe Bapak.
“temen ya pak..”
“iya le..”
            Duwite Bapak wes ngumpul, Bapak numbasno Supri dulinan kaya kanca kancane. Sak marine tumbas, bengine supri turu, pas Supri turu dulinan seng ditumbas mau di deleh nang pinggire Supri. Supri tangi isuk banget, dewekke kaget ono dulinan anyar guk pinggire, Supri seneng banget. Sak marine teko sekolah Supri dulinan karo kanca kancane.
“He rek ayo dulinan.. Aku duwe dulinan anyar iki”. Tanggape Supri nang kancane.
“Nah iku baru apik Pri.. Ayo dulinan”. Jawabe Antok semangat.
“Ayo..” jawabe kanca kancane.

7 TAHUN KEMUDIAN
            Supri sak iki diterima guk perguruan tinggi Bandung. Supri sak iki urip guk kos kosan, 2 minggu pisan dewekke bali nang kampung marani bapak. Tapi amarga kenek pengaruh teko kanca kancane lan penguripan guk kota, Supri dadi jarang mulih nang omah, Uripe sibuk ngurusi kuliah lan senengane dolan karo kanca kancane guk kota. Pas dolan karo kanca kuliahan supri ditakoni kancane tapi Supri bujukki kancane Amarga isin soale engko diguyu karo kancane.

“He Supri..”Ahmad mlaku nang Supri seng lagi lungguh guk bangku ngrep kelas.
“Iya ana apa Mad ?” pitakone Supri.
“Pri engko bengi repot ta?”
“igak Mad” jawabe Supri.
“engko bengi melu aku karo kanca kanca gelem ta ?” pitakone Ahmad.
“nandi Mad ?” pitakone Supri.
“Broden Ulang tahun sak iki, kowe dijak Broden nang Restoran”. Jawabe Ahmad.
“La teros seng bayar sopo ?” pitakone Supri.
“Tenang Pri, di bayari Broden, dadi dewek iki ditraktir karo arekke” omonge Ahmad.
“Ok Mad, aku melu”.
            Suasane beda pas Ahmad takok nang Supri soal uwong tuwane,
“Pri.. Aku oleh Takok gak ?”
“oleh wae, takok apa Mad ?”
“Ayah Karo Ibumu nandi kok aku gak tau ero ?”
            Supri Bingung ora iso jawab soale Bapakke uwong ora duwe nang kampung. Supri meneng lan suwi jawabe.
“Kowe ora iso suwi suwi jawab”. Jare Ahmad.
“Ibukku wes ora ono Mad, Ayah kerja nang Kota dadi Direktur”. Jawabe Supri karo mesem lan bujukki Ahmad.
“Oalah.. Eh tapi Ayahmu hebat lo Pri, iso dadi Direktur apik kuwi”. Jawabe Ahmad kaget.
“iya Mad”. jawabe Supri singkat.
3 TAHUN KEMUDIAN
            Supri lulus Sarjana kedokteran, Supri oleh undangan gawe uwong tuwane. Supri mulih nang kampung ngekekno undangan tapi Supri ngengken bapakke ora teko amarga adoh, Trus Supri bali maneh nang kota. pas pengumuman kelulusan Supri ora ero nek bapakke teko, Supri isin banget.
“Untuk Saudara Supri dan wali segera menuju kedepan”. Omonge pembawa Acara.
            Supri mlaku menyang ngarep, pas totok tengah tengah supri kaget, Bapakke ono guk kunu Supri ora sido mlaku menyang ngarep lan bali nang mburi. Kanca kancane Supri guyu lan ngomongno Bapakke Supri.
“Hahahahaha.....Iku Ayahmu ta Pri ?” pitakone Ahmad.
“iya Mad”
“Jarene Direktur kok tampilane Kampungan ngunu..hahaha...”. Omonge Broden karo guyu.
            Sak marine Kedadean iku, mulih nang kampung lan ngomong karo Bapakke. Supri Muring muring amarga Bapakke teko nang Kampuse Supri.
“ BAPAK...”. Supri teko.
“Lo Supri, Salam sek to le..” jawabe Bapak
“PAK... lapo wingi teko nang kampus pak, lak wes tak kandani pak nek ojo teko...” omonge Supri karo muring muring.
“Teros lapo le.. kan wingi aku kok kei undangan iki, opo maksude undangan iki le, opo kowe isin duwe bapak koyok ngene iki, iya ta le.. jawab le...” jawabe Bapak karo emosi.
“IYA PAK.. SAYA MALU PUNYA BAPAK KAYAK GINI...”. Jawabe Supri.
            Bapakke Supri mek iso ngelus dada, amarga isih ora iso dadi seng paling apik gawe Supri. 1 taun sak wise lulusan, Supri dadi Dokter guk rumah sakit ing Bandung. Supri wes duwe omah dewe lan mobil. Tapi na’as pas Supri moleh teko rumah sakit, Supri dirampok uwong, Supri di gepok ndase karo maling trus Supri pingsan guk parkiran, mobile Supri di gowo mlayu karo maling. Supri digowo nang ruang UGD, pas di periksa, kornea matane Supri ora fungsi, dadi Supri ora iso delok apa apa.
            2 minggu Supri di rawat guk rumah sakit, Supri oleh donoran mata saka uwong. Supri seneng banget lan Supri di operasi matane. 3 minggu sak wise di operasi matane Supri wes iso delok maneh, tapi supri bingun sapa sing donor mata menyang awakke. Supri takon dokter seng ngoperasi Supri, tapi doktere ora ero.
            Supri metu menyang kota, Supri kaget ero bapakke mlaku nggawe tongkat lan gawe topi, Supri mlayu menyang bapakke lan ngrakut bapakke, Supri nangis soale mata seng di gawe Supri sakiki kuwi matane bapakke. Supri isih eleng omongane Bapakke 11 taun winginane.
“Le.. mene nek bapak duwe duwit tak tukokno opo wae seng Supri arep sak mampune bapak”.
            Supri esek eleng apa seng diomongno bapak, Supri sadar nek bapakke kuwi sayang banget menyang Supri. Supri nggawa bapakke menyang omahe seng anyar lan urip bebarengan maneh kayata 11 taun winginane.
TAMAT

"Bahagia itu sederhana, Sederhana melihat orang yang kita sayangi bahagia. Sesungguhnya bukan mata itu yang buta, tapi yang buta adalah hati yang ada di dalam dada"


Created by : Aula Rizqi Yoga Pratama.